Buku menika ngemot maneka cariyos pagesangan ing madyaning bebrayan. Kahanan ingkang kadosipun sepele ananging kathah kadadosan ing masarakat. Pranyata babagan bebrayan menika boten gampil, rasa lan pangrasa kedah dipunwujudaken minangka tali ingkang nali maneka warni kadadosan supados boten ucul saking raos bilih manungsa menika wewayangan ingkang ngenut lampahing cariyos lakon.
Ing salebeting buku menika para maos saged nemokaken cariyos-cariyos padintenan ingkang dipuncawisaken kanthi basa prasaja. Panyerat nyobi ngajak para maos supados mangertosi kahanan saha emosi saben-saben tokoh kanthi perkawis lan konflik ingkang nggubet. Sugeng maos!
Ulasan
Belum ada ulasan.